Kerata basa yaiku ereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.
Tuladha Kerata Basa :
1Anak: Karep apa-apa kudu ana lan enak.
2Bapak: Bap apa-apa pepak
3Batur: Embat-embating tutur
4Bocah: Mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.
5Brekat: Dideleh mak breg terus diangkat
6Buta: Kalbu sing ora ditata
7Cangkem: Yen ora dicancang ora mingkem.
8Cangkir: Kanggo nyancang pikir
9Cengkir: Kencenge pikir
10Dhalang: Ngudhal piwulang
11Denawa: Ngeden hawa ngumbar hawa napsu
12Desember : Gedhe-gedhene sumber
13Dongeeng : Dipaido ora mengeng
14Garwa: Sigaraning nyawa
15Garbu: Yen ora mbegar ora iso mlebu
16Gedhang: Saged padhang, digeget bar madhang.
17Gerang: Segere wis arang-arang
18Guru: Digugu lan ditiru
19Gusti: Bagusing ati
20Januari: Hujan saben ari
21Kaji : Tekade siji
22Kathok: Diangkat sitok-sitok
23Kodhok: Teka-teka ndhodhok.
24Kotang: Sikute diutang
25Krikil: Keri ing sikil
26Kupat: Ngaku lepat
27Kuping: Kaku njepiping
28Kupluk: Kaku nyempluk
29Kursi: Yen diungkurake banjur isi
30Ludruk: Gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
31Maling: Njipuk amale wong sing ora eling
32Mantu: Dieman-emani meksa metu
33Maratuwa : Mara-mara ketemu tuwa
34Nopember : Ana sumber
35Ngelmu : Angele yen durung ketemu
36Oktober : Untub-untube sumber
37Pebruari: Yen mepe mburu ari
38Piring : Sepi yen miring
39Prawan : Yen pepara (leelungan) kudu wayah awan
40Saru: Kasar lan keliru
41Sejarah: Sejan ngarah (yen dina riaya/Idul Fitri)
42Sekuter: Sambi sendheku mlayu banter.
43Sepuh: Sabdane ampuh
44Setir: Senajang singset tetep bisa muntir
Tampilkan lebih banyak
Sabtu, 11 November 2017
Contoh kerata basa jawa
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar